Rabu, 24 Agustus 2016




Kakean Pikiran
            Jenengku Khaleh Akbar. Umurku 17 tahun. Aku dhuwe adek, adekku jenenge Laila Putri. Adekku lan aku saiki kelas 3 SMA. Adekku lan aku sak sekolahan, SMA Puri jenenge. Sekolahe awake dhewe cedek saka omah, dadi adekku lan aku budal ing sekolah mung mlaku wae. Adekku lan aku padha mlebu kelas jurusan IPA. Dina dina adekku lan aku bali mulih sore sore kadang ya bengi, amarga ana tambahan ing sekolah lan ana jadwal les.
            Dina senin iki awakku rada ora penak, amarga kekeselen tugas akeh lan jadwal les sampek bengi. Arep ora mlebu wedi lak ketinggalan pelajaran amarga saiki aku ya wis kelas 3, lak aku mlebu ya aku engko ora bisa konsentrasi.   
“Mas Khalehhh ndang adus, wis jam 6 iki lo. Engko telat dihukum pak Bambang lo mas!” ature Lela.
            “Iya ya la sik ta lah, budal adus iki aku.” wangsulku
            “Mau nyapo wae to mas mas, ga ndang adus. Ndengaren jam 6 sik durung apa apa.” ature Lela.

Ing meja makan...
            “La masmu ning endi? Ayo ndang sarapan wis jam 6 punjul lo. Engko telat, dina iki upacara to?” ature ibu
            “Mas tasik adus bu. Palingan bariki mas mari bu.” wangsule Lela.
            “Nggih bu dina iki upacara, wayahe kelas kula sing tugas.” wangsulku
            “Lho le praupanmu kok ngono? Lara to awakmu?” takon e ibu
            “Nggih bu, awakku rada ora penak.” wangsulku
            “Wis ndang maem, terus ngombe obat. Supaya ndang cepet rampung. Dina iki ga usah mlebu sekolah ae ya.” ature ibu
            “Mboten bu, kula minum obat mawon terus bidal sekolah. Engko lak ga sekolah ketinggalan pelajaran.” wangsulku
            “Tenan awakmu ora apa apa?” takon e ibu
            “Nggih bu, mboten napa napa.” wangsulku
            “Ya wis ndang, wis meh jam set 7 lho.” ature ibu

Ing sekolah...
            “Leh ayo, upacara! Selak pak Bambang rene marani!” ature Juki
            “Iya juk.” wangsulku
            “Awakmu lara ta saiki?” takon e Juki
            “Iya awak ku rada ora penak juk.” wangsulku
            “Lho lha banjur sapa sing apene ngajuli awakmu tugas upacara?” takon e Juki
            “Aku ya ora roh e juk, piye iki? Sak wis e upacara ya enek Ulangan Kimia nisan.” aturku
“Ya wis tak gajuli ae, awkmu ndang ning UKS.” wangsule Juki

            Nalika upacara wis mari, aku langsung ning kelas, amarga jam pertama wayahe ulangan kimia. Kimia iku pelajaran sing tak senengi, lan tujuan ku sakwise lulus sekolah ya mlebu jurusan pendidikan Kimia. Nalika ulangan kimia, aku ora bisa mikir blas rasane awakku lara kabeh, ngelu. Mara mara Bu Asih ngampiri aku.
            “Leh nyapo? Kok awakmu durung garap blas? Kurang 30 menit kas kudu dikumpulne lo. Awakmu niat nggarap apa ora?” ature Bu Asih.
            “Nggih niat bu, sepuntene bu.” wangsulku
            “Iya wis ndang digarap. Ora ana remidian lo ya saiki. Lak nilai mu elek piye? Jaremu awakmu pengen ning jurusan pendidikan Kimia?” ature bu Asih neh.
            “Nggih bu.” wangsulku
            Pungkasane soal ulangan mau bisa tak garap, nanging aku ora eruh opo sing tak kerjakne mau bener apa salah, ya muga muga ae bener.
           
Sesuk isuk e aku sik ae panggah lara padahal mambengi aku wis penak, wis ora lara. Ujuk ujuk aku lara panas neh. Minggu minggu iki aku ngono terus, lara bar ngono mari, lara neh bar ngono mari. Kegiatan ku ya ngono budal isuk balik sore malahan bisa bisa nganti bengi. Tugas ya akeh. Pungkasane aku digawa ibu priksa ning dokter. Jare dokter e aku lara tipes kurang turu, maem e ora teratur, kakehan pikiran. Aku binggung arep piye? Ga numpuk tugas biji e engko elek, ga mikir ya iku gae urip ku sok mben e.

Ing omah ...
            “Assalammualaikum...” tok tok tok
            “Waalaikum salam, lho mbak Putri, ana apa mbak rene? Ora makarya ta mbak?” takon e Lela
            “Ora la, ora ana jadwal jaga dina iki. Aku rene apene ana perlu marang ibumu.” wangsule mbak Putri
            “Oalah, iku mbak ibu ing kamar e mas.” ature Lela
            “Nyapo se ibu mu ing kamar e mas mu?” takon mbak Putri
            “Mas lara laraen mbak, kakean pikiran.” wangsule Lela
            “Ya wis ayo marani ibu lan mas mu.” ature mbak Putri

Ing ngarep kamar ...
            Tok tok tok.. “Ibu, mas..” ature Lela
            “Iyo la nyapo, mlebu o.” wangsule ibu
“Oalah ana Putri to, nyapo put? Takone ibu
“Kula badhe ngampil presto budhe.” wangsule mbak Putri
“Iya put enek ning gudang, jupuken dhewe ya.” ature ibu
“Nggih budhe, khaleh wonten napa budhe?” takon mbak Putri
“Lara tipes put arek e, kakean pikiran.” wangsule ibu
“Oalah leh Khaleh, kakean pikiran apa to awakmu wi? Mikirne sok mben awakmu arep ning endi ta?” takon mbak Putri
“Iya mbak, mumet aku.” wangsulku
“Nggono iku ga usah dipikirne nemen nemen. Ya panggah dipikir, tapi ya pikirno awakmu, lak ngene iki awakmu lara, pelajaran mu malih ketinggalan to?” ature mbak Putri
“Iya mbak.” wangsulku
“Ya wis ndang istirahat neh. Supaya ndang cepet rampung, ndang bisa melu pelajaran neh.” ature mbak Putri
“Iya mbak.”

Amarga ature mbak putri mau aku malih sadar lak kudune aku luwih bisa ngatur waktu gawe sinau lan leren.
“Rek sinau pancen kewajibane awake dhewe sebagai murid. Tapi awake dhewe ya kudu ngatur kapan sinau lan kapan leren. Lak kakean pikiran amarga mikirne UN terus ngesakne awake dhewe bakalan lara lan ga bisa melu pelajaran, kan malih susah. Ya wis sak meneae nasihatku. Semangat sinau rek!” 
  

Alivia Oktasari

Tidak ada komentar:

Posting Komentar