Selasa, 08 November 2016
Rabu, 24 Agustus 2016
Kakean Pikiran
Jenengku Khaleh Akbar. Umurku 17
tahun. Aku dhuwe adek, adekku jenenge Laila Putri. Adekku lan aku saiki kelas 3
SMA. Adekku lan aku sak sekolahan, SMA Puri jenenge. Sekolahe awake dhewe cedek
saka omah, dadi adekku lan aku budal ing sekolah mung mlaku wae. Adekku lan aku
padha mlebu kelas jurusan IPA. Dina dina adekku lan aku bali mulih sore sore
kadang ya bengi, amarga ana tambahan ing sekolah lan ana jadwal les.
Dina senin
iki awakku rada ora penak, amarga kekeselen tugas akeh lan jadwal les sampek
bengi. Arep ora mlebu wedi lak ketinggalan pelajaran amarga saiki aku ya wis
kelas 3, lak aku mlebu ya aku engko ora bisa konsentrasi.
“Mas Khalehhh ndang adus, wis jam 6 iki
lo. Engko telat dihukum pak Bambang lo mas!” ature Lela.
“Iya ya la
sik ta lah, budal adus iki aku.” wangsulku
“Mau nyapo
wae to mas mas, ga ndang adus. Ndengaren jam 6 sik durung apa apa.” ature Lela.
Ing meja makan...
“La masmu
ning endi? Ayo ndang sarapan wis jam 6 punjul lo. Engko telat, dina iki upacara
to?” ature ibu
“Mas tasik
adus bu. Palingan bariki mas mari bu.” wangsule Lela.
“Nggih bu
dina iki upacara, wayahe kelas kula sing tugas.” wangsulku
“Lho le praupanmu
kok ngono? Lara to awakmu?” takon e ibu
“Nggih bu,
awakku rada ora penak.” wangsulku
“Wis ndang
maem, terus ngombe obat. Supaya ndang cepet rampung. Dina iki ga usah mlebu
sekolah ae ya.” ature ibu
“Mboten bu,
kula minum obat mawon terus bidal sekolah. Engko lak ga sekolah ketinggalan
pelajaran.” wangsulku
“Tenan
awakmu ora apa apa?” takon e ibu
“Nggih bu,
mboten napa napa.” wangsulku
“Ya wis
ndang, wis meh jam set 7 lho.” ature ibu
Ing sekolah...
“Leh ayo,
upacara! Selak pak Bambang rene marani!” ature Juki
“Iya juk.”
wangsulku
“Awakmu
lara ta saiki?” takon e Juki
“Iya awak
ku rada ora penak juk.” wangsulku
“Lho lha banjur
sapa sing apene ngajuli awakmu tugas upacara?” takon e Juki
“Aku ya ora
roh e juk, piye iki? Sak wis e upacara ya enek Ulangan Kimia nisan.” aturku
“Ya wis tak gajuli ae, awkmu ndang ning
UKS.” wangsule Juki
Nalika
upacara wis mari, aku langsung ning kelas, amarga jam pertama wayahe ulangan
kimia. Kimia iku pelajaran sing tak senengi, lan tujuan ku sakwise lulus
sekolah ya mlebu jurusan pendidikan Kimia. Nalika ulangan kimia, aku ora bisa
mikir blas rasane awakku lara kabeh, ngelu. Mara mara Bu Asih ngampiri aku.
“Leh nyapo?
Kok awakmu durung garap blas? Kurang 30 menit kas kudu dikumpulne lo. Awakmu
niat nggarap apa ora?” ature Bu Asih.
“Nggih niat
bu, sepuntene bu.” wangsulku
“Iya wis
ndang digarap. Ora ana remidian lo ya saiki. Lak nilai mu elek piye? Jaremu
awakmu pengen ning jurusan pendidikan Kimia?” ature bu Asih neh.
“Nggih bu.”
wangsulku
Pungkasane
soal ulangan mau bisa tak garap, nanging aku ora eruh opo sing tak kerjakne mau
bener apa salah, ya muga muga ae bener.
Sesuk isuk e aku sik ae panggah lara
padahal mambengi aku wis penak, wis ora lara. Ujuk ujuk aku lara panas neh. Minggu
minggu iki aku ngono terus, lara bar ngono mari, lara neh bar ngono mari.
Kegiatan ku ya ngono budal isuk balik sore malahan bisa bisa nganti bengi.
Tugas ya akeh. Pungkasane aku digawa ibu priksa ning dokter. Jare dokter e aku
lara tipes kurang turu, maem e ora teratur, kakehan pikiran. Aku binggung arep
piye? Ga numpuk tugas biji e engko elek, ga mikir ya iku gae urip ku sok mben
e.
Ing omah ...
“Assalammualaikum...”
tok tok tok
“Waalaikum
salam, lho mbak Putri, ana apa mbak rene? Ora makarya ta mbak?” takon e Lela
“Ora la,
ora ana jadwal jaga dina iki. Aku rene apene ana perlu marang ibumu.” wangsule
mbak Putri
“Oalah, iku
mbak ibu ing kamar e mas.” ature Lela
“Nyapo se
ibu mu ing kamar e mas mu?” takon mbak Putri
“Mas lara
laraen mbak, kakean pikiran.” wangsule Lela
“Ya wis ayo
marani ibu lan mas mu.” ature mbak Putri
Ing ngarep kamar ...
Tok tok
tok.. “Ibu, mas..” ature Lela
“Iyo la
nyapo, mlebu o.” wangsule ibu
“Oalah ana Putri to, nyapo put? Takone
ibu
“Kula badhe ngampil presto budhe.”
wangsule mbak Putri
“Iya put enek ning gudang, jupuken dhewe
ya.” ature ibu
“Nggih budhe, khaleh wonten napa budhe?”
takon mbak Putri
“Lara tipes put arek e, kakean pikiran.”
wangsule ibu
“Oalah leh Khaleh, kakean pikiran apa to
awakmu wi? Mikirne sok mben awakmu arep ning endi ta?” takon mbak Putri
“Iya mbak, mumet aku.” wangsulku
“Nggono iku ga usah dipikirne nemen
nemen. Ya panggah dipikir, tapi ya pikirno awakmu, lak ngene iki awakmu lara,
pelajaran mu malih ketinggalan to?” ature mbak Putri
“Iya mbak.” wangsulku
“Ya wis ndang istirahat neh. Supaya ndang
cepet rampung, ndang bisa melu pelajaran neh.” ature mbak Putri
“Iya mbak.”
Amarga ature mbak putri mau aku malih
sadar lak kudune aku luwih bisa ngatur waktu gawe sinau lan leren.
“Rek sinau pancen kewajibane awake dhewe
sebagai murid. Tapi awake dhewe ya kudu ngatur kapan sinau lan kapan leren. Lak
kakean pikiran amarga mikirne UN terus ngesakne awake dhewe bakalan lara lan ga
bisa melu pelajaran, kan malih susah. Ya wis sak meneae nasihatku. Semangat
sinau rek!”
Alivia Oktasari
Langganan:
Postingan (Atom)